Translate

Selasa, 24 Juli 2018

Sedulur Guyana French Keturunan Jowo Tilik Neng Yogyakarta

 Sedulur French Guyana Keturunan Jawa Suriname Tilik Yogyakarta

Lebaran Tahun iki 2018/1439 H dadeke suasono bedo tambah gumyak. Bodo tahun tahun sak durunge ugo rame, kahanan neng desoku isih nguri uri sungkeman marang wong sih luwih tuwo lan tansah saling Silaturahmi marang tonggo lan sedulur, kenopo aku ngarani luwih rame, amargo aku ketekan sedulure bojoku sing ono negoro monco yo kui French Guyana, adoh banget bedo benua ing tlatah Amerika Selatan. Kok iso duwe sedulur neng kono, amargo mbiyen critane simbah kakung Tohari yo morotuaku digowo dening serdadu Londo dikon nyambut gawe neng perkebunan tebu Suriname. Sing digowo mrono kui keluarga Bapak Kartano lan bojone Ngadikem, karo 3 anake yo kui Bapak Misran, Pak Rebo, Ibu Ngatinem. nanging anak sing siji ora melu, banjur anake sing ora melu mau mangkat neng lampung kebon lan sawahe tabon di dol. Lah pernahe karo morotuaku kui  Ibu ngadikem adike bapak kertorejo bapake Pak Tohari.


Potret ing duwur kui dijupuk sekitar tahun 1965 seko kiwo Bapak Kertono, ibu Ngadikem, Ibu Painem lan Roger. Ibu Painem kui anak mbarep pak Misran lan duwe bojo jenenge Jatiman Manredjo, lan Roger anak mbarep Painem. Pak Kertono, ibu Ngadikem lan anake 3 wis tilar ndonyo kabeh ing Suriname. 
Ibu Painem moro sing keri dewe tahun 2011, tahun iki anak putune podo budal neng Indonesia dewe e wis ora melu, amargo wis tuo awake wis gampang kesel.
Rombongan saiki sing budal ono 12 Anake bu Painem loro yo kui keluargane Roger ( Mbak sampeh bojone Roger lan Eric anake mbarep) lan sing neng potret bocah cilik lan keluarga christophe ( Stephanie bojone, chloe anake, lan Aureline anak kuwalon). Christophe mbiyen tau moro tahun 1990an pas isih enom. Tante Agnes  seko Cayenne. Tente Yvonne seko Holand, lan Tante Shirley lan bojone seko Holand. Kabeh kui mau sedulur Jowo Suriname sing semebar neng negoro liyo.
Rombongan budal tanggal 15 Juni seko Amsterdam lan budal seko Bali Indonesia tanggal 6 Juli. Dolan neng Indonesia seko Jakarta nyusuri pulau Jawa tekan Bali numpak bis parwisata melu biro travel. Tekan Yogyakarta tanggal 24 Juni lan nginep neng Hotel Sakanti. Dino esuke aku. bojoku lan anaku Faraz mruput methui sedulur  mbak Sampeh sing biasa aku sambung telephon neng hotel.  Pas jam wolu aku nunggu neng lobby, ora suwe anggonku nunggu mbak Sampeh lan bojone nemoni. bungah atike iso ketemu sedulur seko adoh, biasane mung video call lan sambung wattshap. Disambung maneh..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar